|
1. | Aywa pegat ngudia ronging budyayu, margane suka basuki, dimen luwar kang kinayun, kalis ing panggawe sisip, ingkang taberi prihatos. | | 2. | Ulatana kang nganti kisa kapangguh, galedhahen kang sayekti, talitinen aywa kleru, larasen sajroning ati, den tumanggap dimen manggon. | | 3. | Pamanggonane aneng pangesthi rahayu, angayomi ing tyas wening, eninging ati kang suwung, nanging sajatine isi, isine cipta kang yektos. | | 4. | Lakonana kalawan sabaring kalbu, yen den obah neniwasi, kasusupan setan gundhul, ambebedhung nggawa kandhi, isine rupiyah keton. | | 5. | Lamun kongsi korup mring panggawe dudu, dadi pakuwoning eblis, klebu mring alam pakewuh, ewuh pana ninging ati, temah wuru kabesturon. | | 6. | Nora kengguh mring pamardi reh rahayu, ayuning tyas sipat kuping, kinepung panggawe rusuh, lali pasihaning Gusti, ginuntingan kaya mernos. | | 7. | Parandene kabeh kang samsya andulu, ulap kelilipen wedhi, akeh wong kang padha sujud, kinira yen Jabaril, kautus dening Hyang Manon. | | 8. | Yen kang uning marang sajatining kawruh, kewuhan sajroning ati, yen tan niru ora arus, uripe kaesi-esi, yen nirua dadi asor. | | 9. | Nora ngandel marang gaibing Hyang Agung, anggelar sakalir-kalir, kalamun temen tinemu kabegjane anekani, kemurahaning Hyang Manon. | | 10. | Anuhoni kabeh kang duwe panyuwun, yen tementemen sayekti, Allah aparing pitulung, nora kurang sandhang bukti, saciptanira kalakon. | | 11. | Ki Pujangga nyambiwara weh pitutur, saka mangunahing Widdhi, ambuka warananipun, aling-aling kang ngalingi, angalingkap temah katon. | | 12. | Para janma sajroning jaman pakewuh, kasudranira andadi, daurune saya ndarung, keh tyas mirong murang margi, kasetyan wus ora katon. | | 13. | Katuwone winawas dahat matrenyuh, kenyaming sasmita yekti, sanityaseng tyas malatkung, kongas welase kapati, sulaking jaman prihatos. | | 14. | Waluyane benjing yen wis ana Wiku, memuji ngesthi sawiji, sabuk lebu lir majenun, galibedan tudang-tuding, anacahken sakehing wong. |
|