|
Kapetik saking : http://www.solopos.co.id Dursasana iku putrane Prabu Drestarastra kalawan Dewi Gendari. Dadi kalebu adhine Duryudana (wus kapacak ing Jagad Pemwayangan minggu kapungkur). Miturut andharan ing buku Ensiklopedi Wayang Purwa weton Balai Pustaka, tembung Dursasana iku ngemu teges papane samburang kang ala. Dur teges elek, duraka, ala lan Sasana tegese panggonan. Dursasana duwe sisihan aran Dewi Saltani. Sisihane Dursasana iku putrane putri Adipati Banjarjungut. Saka patutane Dursasana kalawan Dewi Saltani lair putra aran Dursala. Arya Dursasana duwe watak lan sipat tekabur, seneng tumindak sawenang-wenang, umuk, seneng ngasorake lan ngina wong liya sarta ora bisa ngajeni marang wong liya. Iku amarga dheweke wiwit cilik tansah diuja dening wong tuwane. Pawakane Dursasana iku gagah lan pideksa. Ciri sing menjila, cangkeme amba. Ing lakon Wahyu Hidayat lan Wahyu Cakraningrat utawa Bima Kopek, Dursasana lunga sedya mertapa kanggo nggayuh Wahyu Cakraningrat lan Wahyu Hidayat. Dheweke kasil nggayuh wahyu kasebut. Ananging wahyu iku mung bisa dicekel sauntara dening Dursasana amarga ora bisa ajur ajer kalawan jiwa lan kapribadene sing kasar, umuk lan tansah tumindak sawenang-wenang iku. Ing jagad pedhalangan lakon-lakon kasebut kondhang kanthi lakon Wahyu Hidayat lan Wahyu Maningrat. Ing lakon Partakrama, Dursasana andon wasis kalawan Arjuna kanggo ngrebut atine Dewi Sumbadra, putrane putri Prabu Basudewa, raja ing Mandura. Arya Dursasana duwe pusaka arupa keris kang gedhe banget aran keris Barla. Ing lakon Pandawa Dhadhu, Yudhistira kalah totohan. Karana iku, kabeh kaskaya utawa kasugihane, karaton, sedulur-sedulure lan dheweke pribadi sarta sisihane Dewi Drupadi, karebut dening kulawarga Kurawa minangka bayaran amarga kalah totohane. Para Kurawa tansah tumindak deksiya marang Yudhistira sasedulure. Tumindak deksiyane iku nganti nerak angger-angger kasusilan kanthi ngundani sisihane Yudhistira, yaiku Dewi Drupadi. Sing wani tumindak deksiya kanthi cara ngluwari kabeh sandhangane Dewi Drupadi iku ora liya ya Dursasana. Ing prastawa pahargyan Krukmandala, Dursasana sepisan maneh tumindak duraka nerak angger-angger marang Dewi Drupadi. Wusanane Dewi Drupadi milih ngudhari gelungan rambute lan sumpah ora bakal nggelung rambute maneh yen durung dikramasi nganggo getihe Dursasana. Ing perang Baratayuda babak kapindho utawa Tawur Dursanana merjaya Sagotra, Sarka lan Tarka kang dipeksa dadi wadal kanggo kapentingane Astina. Ing prastawa patine Sarka lan Tarka iku dadi jalaran Dursasana kacekel dening Bima utawa Werkudara. Bima kasil nyekel Dursasana amarga nalika Dursasana sedya nglumpati Kali Kelawing utawa Cingcinggoling, badan aluse Sarka lan Tarka kasil njegal sikile Dursasana. Sabanjure Dursasana kasil kaperjaya dening Bima. Dursasana mati ing palagan perang Baratayuda babak kaping papat utawa Jambakan. Kahanan matine Dursasana pancen nggegirisi. Dhadhane kecubles dening kuku pancanakane Bima. Getih sing mancur saka dhadhane Dursasana dening Bima diwadhahi kanggo nyembadani sumpahe Dewi Drupadi. Dene perangan awake Dursasana liyane remuk lan sumebar ing palagan perang Baratayuda iku. Sirahe Dursasana uga remuk kena gada Lukitasari, gamane Bima. Ing jagad pedhalangan gagrak Yogyakarta, gada gamane Bima kasebut gada Rujakpolo. Dene ing jagad pedhalangan Solo, gada Rujakpolo iku gamane Arya Setyaki
|
|