Wong Jowo

Wong Jowo
Join this Group!RSS FeedHelp on RSS FeedsAdd to My Yahoo
Report Abuse

Tulisan

Blog EntrySerat Sabda JatiMay 7, '08 2:45 PM
by Ayah for everyone
   

1.

Aywa pegat ngudia ronging budyayu,

margane suka basuki,

dimen luwar kang kinayun,

kalis ing panggawe sisip,

ingkang taberi prihatos.

 

2.

Ulatana kang nganti kisa kapangguh,

galedhahen kang sayekti,

talitinen aywa kleru,

larasen sajroning ati,

den tumanggap dimen manggon.

 

3.

Pamanggonane aneng pangesthi rahayu,

angayomi ing tyas wening,

eninging ati kang suwung,

nanging sajatine isi,

isine cipta kang yektos.

 

4.

Lakonana kalawan sabaring kalbu,

yen den obah neniwasi,

kasusupan setan gundhul,

ambebedhung nggawa kandhi,

isine rupiyah keton.

 

5.

Lamun kongsi korup mring panggawe dudu,

dadi pakuwoning eblis,

klebu mring alam pakewuh,

ewuh pana ninging ati,

temah wuru kabesturon.

 

6.

Nora kengguh mring pamardi reh rahayu,

ayuning tyas sipat kuping,

kinepung panggawe rusuh,

lali pasihaning Gusti,

ginuntingan kaya mernos.

 

7.

Parandene kabeh kang samsya andulu,

ulap kelilipen wedhi,

akeh wong kang padha sujud,

kinira yen Jabaril,

kautus dening Hyang Manon.

 

8.

Yen kang uning marang sajatining kawruh,

kewuhan sajroning ati,

yen tan niru ora arus,

uripe kaesi-esi,

yen nirua dadi asor.

 

9.

Nora ngandel marang gaibing Hyang Agung,

anggelar sakalir-kalir,

kalamun temen tinemu

kabegjane anekani,

kemurahaning Hyang Manon.

 

10.

Anuhoni kabeh kang duwe panyuwun,

yen tementemen sayekti,

Allah aparing pitulung,

nora kurang sandhang bukti,

saciptanira kalakon.

 

11.

Ki Pujangga nyambiwara weh pitutur,

saka mangunahing Widdhi,

ambuka warananipun,

aling-aling kang ngalingi,

angalingkap temah katon.

 

12.

Para janma sajroning jaman pakewuh,

kasudranira andadi,

daurune saya ndarung,

keh tyas mirong murang margi,

kasetyan wus ora katon.

 

13.

Katuwone winawas dahat matrenyuh,

kenyaming sasmita yekti,

sanityaseng tyas malatkung,

kongas welase kapati,

sulaking jaman prihatos.

 

14.

Waluyane benjing yen wis ana Wiku,

memuji ngesthi sawiji,

sabuk lebu lir majenun,

galibedan tudang-tuding,

anacahken sakehing wong.


Blog EntryWirid Hidayah JatiMay 7, '08 2:40 PM
by Ayah for everyone
   

Punika warahing Hidayah Jati, ingkang nedahaken dunungipun pangkating ngelmi makripat, medal saking wirayating wiradat, wewejanganipun para wali ing Tanah Jawa. Sasedanipun Kanjeng Susuhunan ing Ampeldenta, sami karsa ambuka wewiridan ingkang dados wijining wewejanganipun suraosing ngelmi kasampurnan piyambak-piyambak. Wiyosipun inggih igu asal saking dalil, kadis, ijmak tuwin kiyas kados ingkang sampun kasebut wonten salebeting wiradat. Jangkeping ing murad maksuding wirid sadaya. Menggah papangkatanipun satunggal-tunggal kapratelakaken ing ngandhap punika.

Ingkang rumiyin : saangkatan kala jaman awalipun nagari ing Demak, para wali ingkang karsa amejang namung wewolu.

  1. Kanjeng Susuhunan ing Giri Kedhaton ; wewejanganipun wisikan ananing Dat.

  2. Kanjeng Susuhunan ing Tandhes ; wewejanganipun wedharan wahananing Dat.

  3. Kanjeng Susuhunan ing Majagung ; wewejanganipun gelaran kahaning Dat.

  4. Kanjeng Susuhunan ing Benang ; wewejanganipun pembukaning tata malige ing dalem Betalmakmur.

  5. Kanjeng Susuhunan ing Muryapada ; wewejanganipun pambukaning tata malige ing dalem Betalmukaram.

  6. Kanjeng Susuhunan ing Kalinyamat ; wewejanganipun pambukaning tata malige ing dalem Betalmukadas.

  7. Kanjeng Susuhunan ing Gunungjati ; wewejanganipun panetep santosoning iman.

  8. Kanjeng Susuhunan ing Kajenar ; wewejanganipun sasahidan.  

Ingkang kaping kalih : Ing saangkatan malih kala jaman akhiripun nagari ing Demak dumugi ing Pajang, para wali ingkang karsa amejang inggih namung wolu :

  1. Kanjeng Susuhunan ing Giriparapen ; wewejanganipun wisikan ananing Dat.

  2. Kanjeng Susuhunan ing Darajat ; wewejanganipun wedharan wahananing Dat.

  3. Kanjeng Susuhunan ing Atasangin ; wewejanganipun gelar kahananing Dat.

  4. Kanjeng Susuhunan ing Kalijaga ; wewejanganipun pambukaning tata malige ing dalem Betalmakmur.

  5. Kanjeng Susuhunan ing Tembayat ; kalilan dening Kanjeng Susuhunan ing Kalijaga amiridaken wewejanganipun pambukaning tata malige ing Betalmakmur.

  6. Kanjeng Susuhunan ing Padusan ; wewejanganipun pambukaning tata malige ing dalem Betalmukadas.

  7. Kanjeng Susuhunan ing Kudus ; wewejanganipun panetep santosaning iman.

  8. Kanjeng Susuhunan ing Geseng ; wewejanganipun sasahidan.

Dene wewejangan ingkang sampun kasebat ing nginggil punika suraosipun inggih nunggil kamawon, amargi sami wewiridan saking pamejangipun Kanjeng Susuhunan ing Ampeldhenta, sadaya.

Sareng dumugining jaman nagari ing Matawis (Mataram), panjenenganipun Nata Ingkang Sinuwun Kanjeng Sultan Agung Prabu Anyakrakusuma, wewejanganipun wolung pangkat wau karsa kaimpun dalan saprabotipun pisan supados mutamdha ing suraosipun sadaya. Punika lajeng kababaraken dados wewejangan satunggal kemawon, sasampunipun mupakat kalihan kawruhing para ahli ngelmi, karsa dalem matah ingkang kalilan amridaken wewejangan makaten wau ing ngandhap punika :  

  1. Panembahan Purubaya

  2. Panembahan Juminah

  3. Panembahan Ratu Pekik

  4. Panembahan Jurukiting

  5. Pangeran ing Kadilangu

  6. Pangeran Kudus

  7. Pangeran Kajoran

  8. Pangeran Tembayat

  9. Pangeran Wonggo  

Menggah wewejangan ingkang sampun kaimpun dados satunggal wau wiyosing sami, asal saking nenukilan bangsaning kitab tasawup sadaya. Urutipun satunggal-satunggal asasandhan daliling ngelmi minangka pitedahan anggenipun mratelakaken pangandikaning Pangeran Kang Mahasuci dhateng Kanjeng Nabi Musa kalamullah, manawi manungsa punika minangka kanyataning Dat Kang sifat Esa. Makaten wau ingkang kawedharaken dados witing ngelmi makripat, dados wewiridaning para Nata, para wali kala ing kina, lajeng dipun kiyas dhateng para pandhita dados bebukaning wewejanganipun piyambak-piyambak. Sareng kaimpun dados satunggal saking karsa dalem ingkang Sinuwun Kanjeng Sultan Agung ing Matawis punika mupakatipun suraosing ngelmi makripat ingkang kawejangaken sadaya. Wekasanipun ing ngalami-lami wewejangan wau punika wijang malih kados sanes-sanes suraosing pangawikan, margi saking kathahipun para wicaksana ingkang dados guru sami ambabaraken wewiridanipun piyambak-piyambak. Wonten ingkang miridaken praboting ngelmi makripat kamawon, malah terkadang wonten ingkang amedharaken patrapipun ngelmi telek kaliyan ngelmi patah sapanunggilipun ingkang bangsa ngelmi sesorongan sadaya.

Mila samangkedipunparsudi dhateng Kyageng Muhammad Sirullah ing Kedhungkol, inggih punika sakiduling Kedungpanganten, mawi ketengeran ing taun punika : Rongsogoto Wargo Sinuta, salebeting Alip, 1779 kadhawahan ilham linilan dening Pangeran Kang Maha Suci anata urut-urutaning ngelmi makripat, serat andunungaken ing murad maksudipun pisan anurut wewejangan wolung pangkat kakumpulaken dados satunggal, kados ing ngandhap punika.

  1. Wisikan Ananing Dat  (Ingkang rumiyin wejanganipun Kanjeng Susuhunan ing Giri Kadhaton )

Wejangan punika dipun-wastani wisikan ananing Dat, awit dening pamejangipun kawisikaken ing talinga kiwa, wiyosipun kasebut ing dalem daliling ngelmi ingkang wiwitan, nukilan saking warahing kitab Hidayat khakaik, amratelakaken wangsitipun Pangeran Kang Maha Suci dhateng Kanjeng Nabi Muhammad Rasulullah, makaten jarwanipun :

Sejatine ora ana apa-apa ; awit duk maksih awang-uwung durung ana sawiji-wiji ; kang ana dhingin iku ingsun, ora ana Pangeran Nanging Ingsun ; sajatine Kang Maha Suci anglimput ing Sipat Ingsun, anartani ing asman-Ingsun amratandhani ing apngal Ingsun.

  1. Wedharan Wahananing Dat (Wejangan ingkang kaping kalih, dening Kanjeng Susuhunan ing Tandhes)

    Wejangan punika dipun wastani Wedharan Wahananing Dat, awit dene pamejanganipun amarah urut-urutan dumadining Dat, sipat, wahanipun kasebut ing dalem daliling ngelmi ingkang kaping kalih, nukilan saking sarahing kitab Dakaikalkaik.

    Amratelakaken wangsitipun Pangeran Kang Maha Suci dhateng Kanjeng Nabi Muhammad Rasulullah, karaos ing dalem rahsa makaten jarwanipun :

    Sajatine ingsung Dat kang Amurba Amisesa kang kawasa anitahaken sawiji-wiji, dadi padha sanalika, sampurna saka ing kodrat-ingsun. Ing kono wus kanyatan pratandhaning apngal-Ingsun kang minangka bebukaning Iradat-Ingsun. Kang dhingin Ingsun anitahaken hayyu aran Sajaratul yakin tumuwuh ing sajroning alam ngadammakdum ajali abadi. Nuli cahya aran Nur Muhammad, nuli kaca aran Mirhatulkayai. Nuli nyawa aran roh Ilapi, nuli damar aran Kandhil. Nuli sesotya aran Darah, nuli dhindhing jalal aran Kijab, iku kang minangka warananing Kalarat-Ingsun.

     

  2. Gelaran Kahaning Dat (Wejangan ingkang kaping tiga, dening Kanjeng Susuhunan ing Majagung)

    Wejangan punika dipun wastani gelaran kahaning Dat, awit dening pamejanganipun ambabar dados kanyataan anasiring dat sipat, inggih punika nalika Pangeran Kang Maha Suci karsa amujudaken sipatipun. Gumelar kahananipun kasebut ing dalem daliling ngelmi ingkang kaping tiga, nukilan saking Kitab bayan Humirat mupakat kaliyan Kitab Bayan Alip, kitab Madinil Asror, kitab Makdinil Maklum, inggih punika bangsaning kitab tasawup sadaya. Sami amratelakaken wangsitipun Pangeran Kang Maha Suci dhateng Kanjeng Nabi Muhammad Rasulullah karaos ing dalem rahsa, makten jarwanipun ;

    Sajatine manungsa iku rahsaningsun, lan Ingsun iki rahsaning manungsa. Karana Ingsun anitahaken saka anasir patang prakara : 1. Bumi, 2. Geni, 3. Angin, 4. banyu. Iku kang dadi kawujudaning Sipatingsun, ing kono ingsun panjingi mudah limang prakara : 1. Nur, 2. Rahsa, 3. Roh, 4. Napsu, 5. Budi – iya iku minangka warananing wajahingsun Kang Maha Suci.

    Wejangan ingkang kaping sekawan, dening Kanjeng Susuhunan ing Benang

     

  3. Pambuka Tata Malige Ing Dalem Betalmakmur

    Wejangan punika dipun wastani ; kayektening kahanan Kang Maha Luhur, inggih punika pambukaning tata malige ing dalem Betalmakmur. Awit dening pamejangipun ambuka kodrat iradating Pangeran Kang Maha suci, anggenipun karsa anjenengaken maligening dat minangka Betullah wonthen ing sarahipun manungsa, punika sajatosipun dados pitedhah kayektrning kahanan satunggal-tunggal, anandhakaken kalarating Dat Kang Maha Mulya langgeng boten kenging ewah saking gingsir saking kahanan jati.

    Kasebut ing dalem daliling ngelmi ingkang kaping sekawan nungkilan saking sarahing Kitab Insan Kamil, amratelakaken wangsitipun Pangeran Kang Maha Suci dhateng Kanjeng Nabi Muhammad Rasulullah hayat ingkang kapisan karaosaken ing dalem rahsa, makaten jarwanipun ;

    Sajatine Ingsun anata malige ana sajroning Betalmakmur, iku omah enggineng Parameyaningsun, jumeneng ana sirahing Adam. Kang ana sajroning sirahiku dimak, yaiku utek ; kang ana antraning utek iku manik ; sajroning manik iku budi ; sajroning budi iku napsu ; sajroning napsu iku suksma ; sajroning suksma iku rahsa ; sajroning rahsa iku Ingsun ; ora ana Pangeran, nanging Ingsun Dat Kang nglimputi ing kahanan jati

     

  4. Pambukaning Tata Malige Ing Dalem Betalmukaram (Wejangan ingkang kaping gangsal, dening Kanjeng Susuhunan ing Muryapada)

    Wejangan punika dipun wastani kayektening kahanan Kang Maha Agung. Inggih punika pambukaning tata malige ing dalem Betalmukaram, awit dening pamejanganipun pambuka kodrat iradating Pangeran kang Maha suci, enggenipun karsa anjenengaken maligening Dat, minangka Betullah wonten ing dhadhaning manungsa.

    Kasebut ing dalem daliling dados pitedahan kayektening kahanan satunggal-tunggal, anandhakaken kalarating dat kang Maha Mulya lenggah boten kenging ewah ginsir saking kahanan jati.

    Kasebut ing dalem daliling ngemi ingkang kaping gangsal, inggih ugi sami nukilan saking sarahing Kitab Insan Kamil, amratelakaken wangsitipun Pangeran Kang Maha Suci dhateng Kanjeng Nabi Muhammad Rasulullah, ayat ingkang kaping kalih karaos ing dalem rahsa makaten jarwanipun :

    Sajatine Ingsun anata malige ana sajroning Betalmukaram, iku omah enggoning Lalaranganingsun, jumeneng ana ing dhadhaning Adam. Kang ana ing sajroning dhadha iuk ati, kang ana ing antaraning ati iku jantung, sajroning jantung iku budi, sajroning budi iku jiemn, yaiku angen-angen, sajroning angen-angen iku suksma, sajroning suksma iku rahsa, sajroning rahsa iku Ingsun. Ora ana Pangeran, anging Ingsun Dat kang anglimputi ing kahanan jati.

     

  5. Pambukaning Tata Malige Ing Dalem Betalmukadas (Wejangan ingkang kaping enem, dening Kanjeng Susuhunan ing Kalinyamat)

    Wejangan punika dipun wastani ; kayektening kahanan Kang Maha Suci, inggih punika pambukaning tata malige ing dalem Betalmukadas, awit dening pamejangipun ambuka kodrat iradating Pangeran Kang Maha Suci anngenipun karsa anjenengaken maligening Dat, nmanagka Betulah katata wonten ing kontholing manungsa. Punika sajatosipun ugi dados pitedhahan kayektening kahanan satunggal-tunggal, anandhakaken kalarating Dat Kang Maha Mulya, lenggah boten kenging ewah gingsir saking kahanan jati. Kasebut ing dalem daliling ngelmi ingkang kaping enem, inggih ugi sami nukilan saking sarahing Kitab Insan Kamil. Amratelakaken wangsitipun Pangeran Kang Maha suci dhateng Nabi Muhammad Rasulullah hayat ingkang kaping tiga, karaos ing dalem rahsa makaten jarwanipun :

    Sajatine Ingsun nata malige sajroning Betulmukadas, iku omah enggoning Pasuceningsun, jumeneng ana ing kontholing Adam ; kang ana sajroning konthol iku pringsilan, kang ana antarane pringsilan iku nutpah, yaiku mani sajroning mani iku madi, sajroning madi iku wadi, sajroning wadi iku manikem, sajroning manikem iku rahsa, sajroning rahsa iku Ingsun ; ora ana Pangeran angin Ingsun Dat kang nglimputi ing kahanan jati, jumeneng sajroning nukat gaib, tumurun dadi johar awal, ing kono wahananing alam akadiyat, wahdat, wakidiyat, alam arwah, alam misal, alam ajesam, alam insan kamil, dadining manungsa sampurna yaiku sajtining sipat Ingsun.

     

  6. Panetep Santosaning Iman (Wejangan ingkang kaping pitu, dening Kanjeng susuhunan ing Gunungjati)

    Wejangan punika dipun wastani panetep santosaning iman, abebuka sahadat jati, awit dening pamejangipun amangsit ingkang dados pikekahing pangandel kita, denira angestokaken dhateng kayektining gesang kita pribadi, manawi sampun tetep minangka tajalining Pangeran Kang Maha Suci sajati. Kasebeut ing dalem ijemak riwayating para wiliyullah, nukilan saking kadis makdus, salebeting bab maklumatul uluhiyah. Wiyosipun anyariyosaken kakekating tokid. Ingkang terus dhateng iktikad, pepiridan saking cipto sasmitanipun Kanjeng Nabi Muhammad Rasulullah ingkang kawangsittaken dhateng sayidina Ali, makaten jarwanipun :

    Ingsun anekseni satuhune ora ana Pangeran anging Ingsun lan anekseni Ingsun satuhune Muhammad iku utusan Ingsun.

    Menggah dunungipun makaten :

    ·        Ingkang dipun wastani Pangeran meniko dateng gesang kita pribadi. Sebab sajatosipun sagung asya sami kukum napi sadaya. Tegesipun asya ; sawiji-wiji, tegesipun napi ; boten wonten. Mila kasebut boten wonten Pangeran isbatipun inggih namung dating gesang kita pribadi. Tegesing isbat ; tetep. Dados teteping ingkang anyebut kaliyan ingkang sinebut Pangeran punika boten wonten sanesipun, suraos tunggal tanpawewangenan amung kaot lair batin kemawon.

    ·        Ingkang dipun wastani Muhammad punika sipating cahya kita, mila dipun basakaken utusan, amargi dados pangeran rahsaning dat, kawistara wonten ing netya, kados ingkang kasebut wonten ing dalil salebeting Kur’an makaten jarwanipun :

    Sayekti temen-temen teka ing sira kabeh , utusaning Dat metu saka ing awakira kang maha mulya, mungguhing utusan iku anembadani barang saciptanira ; yen angandel sayekti atuk sih pangapuraning Pangeran.

    Manawi sampun anampeni dalil Qur’an pangandikanipun Pangeran Kang Maha Suci makaten wau, dipun waskitha ing galih. Inggih gesangkita pribadi wahananing nugraha, kahananing kanugrahan. Nugraha punika dating Gustio, kanugrhan punika sipating kawula, tunggal tanpa wewangenandumunung wonten ing badan kita. Sampun uwas sumelang malih, sebab ingkang kasebut ing Kitab Insan Kamil amarah manawi namaning Allah punika inggih namaning Muhammad. Umpami sabet kaliyan warangkanipun. Ing mangke Allah minangka warangka, Muhammad minangka sabet ; ing tembe wewangsulan.

    Wisiyating guru ingkang amedharaken ngelmi panetep santosaning iman, kaprayogekaken sami anglampahana boten karsa dhahar ulam lembu. Kabar angsal paedah manjing dados puytra muridipun Kanjeng Susuhunan ing Kudus, kaidenan ingkang  dados saesthining galihipun.

    Wonten riwayating guru manawi amedharaken ngelmi panetep santosaning iman, ingatasipun amejang dhateng pawestri, wenang kawewahan makaten jarwanipun.

    Ingsu ankeseni, satuhune ora ana Pangeran anging ingsun, lan anekseni Ingsun, satuhune Muhammad iku utusan Ingsun Fatimah iku umat Ingsun.

     

  7. Sasahidan (Wejangan ingkang kaping wolu, dening Kanjeng Susuhunan ing  Kajenar )

    Wejangan punika dipun wastani sasahidan, awit dening pamejanganipun kinen asahida dhateng wahananing sanak kita. Inggih punika ananing dumadi ingkang gumelar wonten ing alam dunya, kadosta ; bumi, langit, wulan, lintang, latu, angin, toya, sapanunggalipun sadaya. Sami aneksenana yen kita mangkesampun purun angakeni “ Jumeneng Dating Gusti “ Kang Maha Suci, dados sipating Allah Kang sajati. Kasebut ing dalem kiyas wewarahing para pandhita, anggenipun amencaraken nukilan saking kadis mahdus, salebeting bab Maklumating Huluhiyah. Wosipun anartani ing panetep santosaning iman, dados panuntuning tokid ingkang ambontos dhateng iktikad. Inggih ugi pepiridan saking cipta sasmitaning Kanjeng Nabi Muhammad Rasulullah ingkang kawangsitaken dhateng Sayidina Ali, makaten jarwanipun ;

    Ingsun anekseni ing Dat Ingsun dhewe,

    Satuhune ora ana Pangeran, anging Ingsun,

    Lan anekseni Ingsun satuhune Muhammad iku utusan Ingsun,

    Iya sajatine kang aran Allah iku badan Ingsun

    Rasul iku rahsaningsun,

    Muhammad iuk rahsaningsun,

    Iya Ingsun kang urip tan kena ing pati,

    Iya Ingsun kang eling tan kena ing lali,

    Iya Ingsun kang langgeng ora kena gingsir ing sawiji-wiji,

    Iya Ingsun kang amurba amisesa, kang kawasa wicaksana

    Ora kekurangan ing pangerti,

     Byar sampurna padang tarawangan,

    Ora krasa apa-apa

    Ora ana katob apa-apa,

    Amung Ingsun kang anglimuti ing alam kabeh kalawan kodrat ingsun.

     

     

     

    Menggah dunungipun makaten :

    Ingkang dipun wastani Pangeran punika Dating gesang kita pribadi, ingkang dipun wastani Muhammad punika sipating cahya kita pribadi. Manawi ingkang kasebut ing dalem dhikir “ La Illaha Ilulah, Muhammar Rasulullah “ tegesipun boten wonten Pangeran anging Allah, Nabi Muhammad punika utusaning Allah punika apngaling Rasul, dumunung ing badan kita. Rasul punika asmaning Muhammad, dumunung ing rahsa kita. Muhammad tuwin sipating cahya, dumunung ing gesang kita. Sajataning gesang kita punika, Dating Pangeran Kang Maha Suci. Kayektosanipun kasebat ing dalem daliling Al Qur’an, manawi Pangeran Kang Mahasuci punika kawasa amijilaken gesang saking pejah, wijiling pejah saking gesang, inggih gesang kita pribadi punika. Sayekti awit saking pejah, ing wekasan boten kenging pejah. Dipunbasakaken ; kayun pidareni. Tegesipun : gesang ing kaanan keakalih, wonten alam ing sahir kita gesang, wonten  ing alam kabir inggih gesang. Serta boten kasupen ing Dat kita kang agung, boten ewah gingsir ing sipat kita kang elok, boten kasamaran ing sama kita kang wisesa, boten krkirangan ing apngal kita kang sampurna, dados pepuntoning tokid ingkang ambontos dhateng iktikad. Sampurnaning gesang kita punika boten wonten karaos utawi tanpa katinggal punapa-punapa. Amung waluya sajati lajeng anglimputi ing alam sadaya ; sampun uwas sumelang.

    Wasiyating guru ingkang medharaken ngelmi sasahidan, kaprayogekaken sami anglampahana sampun ngantos anyebut Allah, kaisbatna anyebut Pangeran, kadosta : ing bebasan saking karsaning Allah, isbatipun saking karsaning Pangeran. Kabar pakantukipun ingkang sampul kalampahan asring kadhawahan ilham. Dados amewahi teranging pambudi, ananing wasiyating guru ingkang sami kawaleraken sadaya punika manawi kasupen boten dados punapa, sebab sajatosipun ingkang dados awisaning ulah ngelmi kasampurnan punika namung napsu. Manawi saged ambirat hawa napsu, saking adat kadunungan manah awas tuwin emut. Manawi tansah awas emut saestu manggih kamulyan ing sangkan paran sasaminipun kados riwayating para ahli ngelmi ingkang kasebut ing ngandhap punika :

    1.

     

     

     Taberi suci temen ;

    Mangka pambirating durgandana ing tembe, tegesipun ; ganda awon.

     

    2.

     

     

    Angengirangi dhahar nginum

    Mangka paluluhaning raga ingtembe

     

    3.

     

     

    Angawisi sare shawat

    Mangka pangluyutaning jiwa ingtembe

     

    4.

     

     

    Anyenyuda napsu wuwus

    Mangka panglenyepaning rahsa ingtembe

     

    Manawi sampun lenyep rahsanipun, kabar dumugining delahan ing tembe lajeng layat dados cahaya gum, ilang tanpa wewayangan ing kaanan kita kang sejati. Punika sarehning kula dereng saged anglampahi piyambak, dados namung anyumanggakaken ing pamanggihing galih kemawon. Bokmanawi kalampahan makaten inggih wallahu alam katarimahipun.


Blog EntryDursasana duwe watak umuk lan tansah sesongaran Aug 8, '07 12:15 PM
by Ayah for everyone
Kapetik saking : http://www.solopos.co.id

Dursasana iku putrane Prabu Drestarastra kalawan Dewi Gendari. Dadi kalebu adhine Duryudana (wus kapacak ing Jagad Pemwayangan minggu kapungkur). Miturut andharan ing buku Ensiklopedi Wayang Purwa weton Balai Pustaka, tembung Dursasana iku ngemu teges papane samburang kang ala.
Dur teges elek, duraka, ala lan Sasana tegese panggonan. Dursasana duwe sisihan aran Dewi Saltani. Sisihane Dursasana iku putrane putri Adipati Banjarjungut. Saka patutane Dursasana kalawan Dewi Saltani lair putra aran Dursala.
Arya Dursasana duwe watak lan sipat tekabur, seneng tumindak sawenang-wenang, umuk, seneng ngasorake lan ngina wong liya sarta ora bisa ngajeni marang wong liya. Iku amarga dheweke wiwit cilik tansah diuja dening wong tuwane.
Pawakane Dursasana iku gagah lan pideksa. Ciri sing menjila, cangkeme amba. Ing lakon Wahyu Hidayat lan Wahyu Cakraningrat utawa Bima Kopek, Dursasana lunga sedya mertapa kanggo nggayuh Wahyu Cakraningrat lan Wahyu Hidayat.
Dheweke kasil nggayuh wahyu kasebut. Ananging wahyu iku mung bisa dicekel sauntara dening Dursasana amarga ora bisa ajur ajer kalawan jiwa lan kapribadene sing kasar, umuk lan tansah tumindak sawenang-wenang iku.
Ing jagad pedhalangan lakon-lakon kasebut kondhang kanthi lakon Wahyu Hidayat lan Wahyu Maningrat. Ing lakon Partakrama, Dursasana andon wasis kalawan Arjuna kanggo ngrebut atine Dewi Sumbadra, putrane putri Prabu Basudewa, raja ing Mandura.
Arya Dursasana duwe pusaka arupa keris kang gedhe banget aran keris Barla. Ing lakon Pandawa Dhadhu, Yudhistira kalah totohan. Karana iku, kabeh kaskaya utawa kasugihane, karaton, sedulur-sedulure lan dheweke pribadi sarta sisihane Dewi Drupadi, karebut dening kulawarga Kurawa minangka bayaran amarga kalah totohane.
Para Kurawa tansah tumindak deksiya marang Yudhistira sasedulure. Tumindak deksiyane iku nganti nerak angger-angger kasusilan kanthi ngundani sisihane Yudhistira, yaiku Dewi Drupadi.
Sing wani tumindak deksiya kanthi cara ngluwari kabeh sandhangane Dewi Drupadi iku ora liya ya Dursasana. Ing prastawa pahargyan Krukmandala, Dursasana sepisan maneh tumindak duraka nerak angger-angger marang Dewi Drupadi. Wusanane Dewi Drupadi milih ngudhari gelungan rambute lan sumpah ora bakal nggelung rambute maneh yen durung dikramasi nganggo getihe Dursasana.
Ing perang Baratayuda babak kapindho utawa Tawur Dursanana merjaya Sagotra, Sarka lan Tarka kang dipeksa dadi wadal kanggo kapentingane Astina. Ing prastawa patine Sarka lan Tarka iku dadi jalaran Dursasana kacekel dening Bima utawa Werkudara.
Bima kasil nyekel Dursasana amarga nalika Dursasana sedya nglumpati Kali Kelawing utawa Cingcinggoling, badan aluse Sarka lan Tarka kasil njegal sikile Dursasana. Sabanjure Dursasana kasil kaperjaya dening Bima.
Dursasana mati ing palagan perang Baratayuda babak kaping papat utawa Jambakan. Kahanan matine Dursasana pancen nggegirisi. Dhadhane kecubles dening kuku pancanakane Bima. Getih sing mancur saka dhadhane Dursasana dening Bima diwadhahi kanggo nyembadani sumpahe Dewi Drupadi.
Dene perangan awake Dursasana liyane remuk lan sumebar ing palagan perang Baratayuda iku. Sirahe Dursasana uga remuk kena gada Lukitasari, gamane Bima. Ing jagad pedhalangan gagrak Yogyakarta, gada gamane Bima kasebut gada Rujakpolo. Dene ing jagad pedhalangan Solo, gada Rujakpolo iku gamane Arya Setyaki


Blog EntryAksoro JowoAug 7, '07 1:13 AM
by Ayah for everyone

Aksara jawa

 

 

 

 

Tanda Jeneng Conto Wacan

wulu

ki
pepet
ke
taling
talingtarung
ko
suku
ku
cecak
kang
layar
kar
wignyan
kah
cakra
kra
keret
kre
péngkal
kya
patén
ak

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

Angka Jawa

 

Aksara Murda

 

Aksara Rekan (Vokal)

 


© 2008 Multiply, Inc.    About · Blog · Terms · Privacy · Corp Info · Contact Us · Help
Template design Copyright © 2005 Jeff Miller